Coba Nek Kowe Dadi Aku



Coba rasakno misale kowe dadi aku
Ngadeg ono ing sajroning wengi kanthi tratap-tratap ati
nyawang kahanan kang ora nguwati.

Coba nek kowe dadi aku
Akeh sek ngomong lan gandeng gegandengan nyipitke moto
seolah dosaku gumandhul neng awak lan ketoro.

Coba nek kowe neng posisiku
Ngrasakke tresno kang kahimpit rasa lara
Meski aku sadar aku yo ra suci lan sampurno

Coba nek kowe ki aku
Opo bakal teteg ati mlaku iring-iringan karo kasunyatan kang ora sesuai karo kekarepan
Opo bakal jembar segara menowo ono goda rencana sek iso luwih nyikso raga

Coba pikiren nek kowe dadi aku
Ora kurang-kurango dayaku anggonku nresnani kowe
Ibarat gelas plastik isih tak solatip
Gelas pecah isih tak pajang neng mejo
Dayaku ngruntuhke atimu malah kabentur lambe
Nganti seprene aku isih berusaha nampa
Ananging nganti saprene aku rung iso nemu ukara “lila legawa”

Komentar