Kayu Mlaku

Ini salah satu karya adikku (Nurantika Umi Wijayanti) yang malu-malu saat kuintip ceritanya.



Sawise musim rendeng tahun 2009 bocah ing desaku rame pada dolanan. Nganti-nganti musim kuwi iso disebut musim dolanan. Tahun kuwi dolanan urung kaya tahun saiki sing energine seko listrik utawa baterai, nanging isih tradisional. Saben sore bocah-bocah desa rame pada dolanan ing lapangan desa. Dolanan sing pada dimaenke ono layangan, egrang, gobag sodor, breg-bregan, lan kucing-kucingan. Bocah sing duwe layangan utawa egrang kuwi ora tuku, nanging digawekake bapak utawa simbahe. 

Nek ra keliru, tahun kuwi aku kepingin iso dolanan egrang. Udu egrang batok, nanging egrang kayu utawa preng. Sebabe kepengen iso, gara-gara ngematke sedulurku iso mlaku nganggo egrang ing tengah lungka utawa lemah sing wis dipacul. Ngematke gampang gor jelak jelek kaya mlaku biasa.
“Va, aku oleh nyileh egrangmu ra?” olehku nembung karo Urva, sedulurku.
“Ya, ngati ati,” jawaban cendhak neng jelas seko sedulurku.
Aku nyaba nganggo, sikilku napak neng pancikan gon egrang. Urung ana sak menit “brek” aku niba mengkurep. Dengkul karo sikutku ngilu. Sedulurku nyengigis. Bar dina kuwi aku saben sore diajari nganggo egrang neng sedulurku. Sedulurku bakal jagani seko ngarep. Sikilku dikon napakke gon pancikan egrang. Luwih parah “brek” aku tiba nibani sedulurku, nanging ora ono sek parah gor rado perih neng sikutku mergane keno watu. 

Olehku latian egrang ora cukup sedina, nanging ngasi pirang-pirang dina. Olehku nibo ya ra gor pisan pindo, nanging bola bali nganti aku lali. Nganggo egrang nyat angel nanging bakal iso nek gelem sregep  latian. Sawise iso nganggo egrang aku nembung karo bapak kon gawekke egrang.
“Pak kula nyuwun dipun damelake egrang preng,” olehku nembung.
“Sesuk ya saiki jileh gone Urva sek,” jawabane Bapak.
“Nggih Pak,” sambunganku.
Sawise iso nganggo egrang, aku sak konco rame-rame pado dolanan egrang ing lapangan desa bareng-bareng. Seneng rasane iso nganggo kayu mlaku hehe...

Komentar